Book Creator

BUKU B.JAWA

by ABD. MU'ID, S.Pd.SD

Cover

Loading...
Bahasa Jawa
Comic Panel 2
Mbabar Wawasan
Gatekna gambar ing ngisor iki!
Ayo tembangno lelagon ing ngisor iki,
rekam nganggo suoro ya!
Jawab ono ing buku tulismu!
1. Gambar ing dhuwur terangna,gambare
bocah lagi ngapa?
2. Apa kabeh kalebu dolanan tradhisional?
3. Coba aranana dolanan tradhisional
sing kokweruhi!
Gatekna gambar ing ngisor iki!
Ayo tembangno lelagon ing ngisor iki,
rekam nganggo suoro ya!
Jamuran, ya gegethok
Jamur apa, ya gegethok
Jamur gajih, mbejijih saara-ara
Sira mbadhe jamur apa?
Dolanan tradhisional yaiku dolanan kang nggunakake tata aturan
manut adat-istiadat lan wis ana kanthi cara turun-temurun. Ing jaman
saiki dolanan tradhisional iku dadi penting banget. Sebabe dolanan
tradhisional iku bisa kanggo sinau tata aturan kang lumaku ing
bebrayan (masyarakat) Jawa.
Lumantar dolanan tradhisional para siswa bisa sinau ajeningajenan,
kekancan kang becik, guyub rukun karo kanca, tulungtinulung,
lan migunani tumrap kesarasan.
Nalika para siswa mung dolanan android, tab, gadget, PS-an, lan
dolanan asil ajune teknologi, dolanan tradhisional bisa menehi piguna
kang becik banget tumrap budi pakerti lan sopan santun. Wis akeh
buktine yen piranti canggih kang disebut -android, tab, gadget, PS-anmau
jebul marakake bocah jaman saiki dadi mentingake awake
dhewe, njaluk menange dhewe, kasar, gampang nesu, awak lesu
sebab kurang gerak/olahraga.

Durung maneh wragad larang sing
kudu diwetokake (boros), lan isine dolanan canggih mau sok ana sing
ora cocog kanggo saumurane bocah SD/MI.
Kang kalebu dolanan tradhisional iku kaya ta: egrang, patil lele,
dhakon, gatheng, bekelan, lumpatan, betengan, gobag sodor,
engklek/ gedrig, jamuran, cublak suweng, slekdhur, dhelikan, lan
sapanunggalane.
Apa para siswa ngerti lan tau dolanan tradhisional ing dhuwur?
Kapan?
PrevNext